Pitutur Luhur Jawa Jaman Dulu dan Petuah Wolak Walik Zaman 2020

Pitutur Luhur Jawa Jaman Dulu dan Petuah Wolak Walik Jaman 2016

Thefilosofi.blogspot.com - Berikut admin share kumpulan petuah bahasa Jawa dari simbah jaman dulu yang bisa jadi panduan hidup kita para generasi muda atau bisa juga buat status keren Facebook, Twitter, BBM atau sosial media lain sahabat semua.


Baca Juga: Falsafah Kejawen, Ajaran Mencapai Hidup Sejati

PITUTUR LUHUR JARE SIMBAH BIYEN
Wong yen Nrimo, uripe Dowo
Wong yen Sabar, rejekine Jembar
Wong yen Ngalah, uripe bakal Berkah
Sopo sing Jujur, uripe yo Makmur
Sopo sing Suloyo, uripe yo Sangsoro
Sopo sing Sombong. amale bakal Kobong
Sopo sing Telaten, bakal Panen..
Ojo podo Ngresulo, mundak gelis Tuwo
Sing wis Lungo, Lalekno
Sing durung Teko, Entenono
Sing wis Ono, Syukurono..
Iki tetuah wong jowo, eling-elingono lan
lakonono..
Sehat kuwi yen :
Mangan enak..
Turu kepenak..
Ngibadah jenak..
Tonggo semanak..
Keluarga cedhak..
Bondo cemepak..
Kubur ra sesak..
Suwargo mbukak..
Sedulur grapyak..
Ono panganan ora Cluthak..
Ketemu konco ngguyu NGAKAK...

Ini nasehat orang Jawa, ingat2 dan lakukanlah.
Sehat kuwi yen :
Sehat itu jika:
Mangan enak..
Makan, enak
Turu kepenak..
Tidur, nyenyak.
Ngibadah jenak..
Beribadah, sepenuh hati.
Tonggo semanak..
Tetangga, ramah tamah
Keluarga cedhak.
Keluarga, dekat
Bondo cemepak..
Harta, tersedia
Kubur ra sesak.
Makam tidak berdesak-desak.
Suwargo mbukak..
Surga terbuka.
Sedulur grapyak.
Saudara2 saling menerima dg baik.
Ono panganan ora Cluthak..
Ada makanan tidak..... (gelojoh, rakus dengan mengambil yang bukan haknya)
Ketemu konco ngguyu NGAKAK...
Bertemu teman, tertawa NGAKAK...\=d/ \=d/ \=d


**********************


 PITUTUR LAN NASEHAT JOWO
* Sing biso mati sak jroning urip lan urip sak jroning mati.
Orang yang bisa mempertahankan kesederhanaan didalam keadaan kemewahan dan tabah dalam penderitaan
* Wong golek kemakmuran iku ora klebu kadonyan sing sapa ngegungake bandane, wirang lamun sirna bandane.
Orang yang cari kesejahteraan itu bukan tergolong keduniawian.Barang siapa yang membanggakan kekayaan akan malu jika kekayaannya hilang
* Ojo kaget lan gumunan samubarang gelaring donyo
Jangan terkejut dan heran dengan gemerlapnya dunia dan tang terjadi di alam dunia.
* Yen kroso enak uwiso, yen kroso ora enak terusno, yen ono bapang sumimpanga
Hendaknya kita tetap dapat berlaku hidup prihatin, sederhana dan mengendalikan hawa napsu baik disaat sedih maupun gembira, klu menjumpai penghalang yang , embahayakan keselamatan lebih baik menghindar dan menjauhi.
* Ojo golek menange dewe, dalan gawat becik disimpangi.
Jangan mencari menang sendiri, agar terjadi hal-hal yang tidak diinginkan, jangan melibatkan diri dalam perdebatan dengan orang-orang yang berwatak mau menang sendiri
Mugo-mugo saget ngelengno kito yen menungso urip neng dunyo iki kudu was podo lan nrimo

***********************

PITUTUR SAKING TIYANG SEPUH
Wondene wonten 3 perkara pitutur saking tiyang sepuh: 
1.TEKUN

2.TEKEN

3.TEKAN

1.TEKUN=lamun badhe nggayuh punopo gegayuhan kedah kita lampahi ngange ketekunan ingkang saestu.

2.TEKEN=teken puniko inggih agung pigunane kangge lantaran kita dugi gegayuhan puniko.Lamun sampun kita anglampahi tekun supados kita angupatdi ingakang nami teken puniko.

TEKAN=tekan puniko kasampurnanipun sedoyo gegayuhan. “Mbok menawi sampun tekan dipun tuntut kedah eling kalih kang nyipto kito wonten ing alam donyo puniki.

“cekap semanten rumiyen salam punopo kritik kulo tampi sakin poro sedulur sedoyo.

**********************


“WOLAK-WALIKING ZAMAN”
– Wolak waliking jaman
– Sing penting dianggep ora penting
– Sing ora penting dipenting-pentingno
– Sing apik dielek-elek
– Sing elek dianggep apik
– Sing bener disalahke
– Sing salah dibener-benerke
– Sing jane tontonan dianggep tuntunan
– Sing mestine tuntunan malah dadi tontonan
– Ora ono manungso sing sempurno
– Ora ono manungso sing ora nduwe dosa
– Mulo podho enggal-enggal tobato
– Mumpung durung ditimbali sing KUWOSO
– Zamane zaman edan
– Akeh menungso podho lali karo pengeran
– Ngaku agamane Islam nanging ora gelem sembahyang
– Hobine maksiat sak ndalan-dalan
– Nyambut gawe podho sungkan
– Bandane negoro-ne malah digawe rayahan
– Zamane-zaman maju
– Akeh wong wadhon podho kemayu
– Yen bengi podho metu ngguya-guyu 
– Mung trimo mamerne pupu
– Turut ngisor wit waru
– Jebule mung payu sewu
– Zamane-zaman globalisasi 
– Akeh wong wes lali karo dzat kang moho suci, duwit korupsi dianggep rejeki
– Akeh santri sing podho gak gelem ngaji
– Ugo akeh KYAI sing lali karo santri
– Malah MELU-MELU REBUTAN KURSI..
– Manungso kuwi dititah podho
– Nanging yen masalah bondo dijatah bedo
– Mulo manungso iku wajibe mung usaha karo ndonga
– Entuk rezeki sepiro atine seng nrimo
– Gak usah meri karo konco sak podho-podho
– Akeh wong stres mergo uripe gak beres
– Rino wengi mung mburu ndonya
– Njur lali karo agomo
– Ojo podho nggersulo ndak gelis tuwo
– Wong yen nrimo uripe dowo
– Wong sing sabar rejekine jembar
– Wong yen ngalah uripe bakal barokah
– Sopo seng jujur uripe makmur
– Wong suloyo uripe rekoso
– Wong seng sombong amale kobong
– Sopo sing tlaten tembe mburi bakal panen
– Akeh wong ngaku Islam agamane 
– Tapi tumindake sak karepe dewe
– Zamane wes zaman tuwo 
– Akeh manungso wis angel ditoto karo tuntunane agomo
– Senengane malah podho gae dosa
– Tumindak dosa sak bendino podho ra kroso
– Sitik-sitik ra ketoro
– Suwe-suwe dadi cetho
– Koyo wong tumindak dosa dilakoni sak bendino
– Dosa lantaran omo gan
– Lantaran kuping lan tangan
– Kadang-kadang ora kroso mergo pancen wes kulino
– Sing ati-ati lan waspodho
– Menowo siro ngobrol karo konco
– Ngrasani tonggo
– Ngojah alane liyo
– Kadang ra rumongso awake gawe dosa 
– Ayo mumpung durung telat
– Enggal-enggal podho tobat
– Timbang ning akhirat siro mbesok nompo adzab
– Mung dosa epele kang ora dirasake
– Nanging gedhe akibate marang awake dewe
– Mumpung isih urip
– Ngibadaho kanti tertib
– Ngelingono yen wes mati 
– Ora bakal iso bali
– Mumpung isih waras
– Ibadaho kanti ikhlas
– Ngelingono yen wis lara
– Ora biso opo-opo
– Mumpung isih longgar
– Ibadaho kanti sabar
– Ngelingono yen wis repot 
– Ibadah rasane abot

(*) Disarikan dari kiriman naskah Kyai Amir

Sekian update informasi kali ini semoga bermanfaat dan dapat menjadi motto hidup sahabat semua. Salam.

2 Responses to "Pitutur Luhur Jawa Jaman Dulu dan Petuah Wolak Walik Zaman 2020"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel